Ujian Praktik Bahasa Jawa : Kamis, 16 Maret 2023
NASKAH GEGURITAN
Pahlawan, kang dadi
dalan kamardikan
Awak kang ora wedi
marang kematian
Nglelakake nyawamu dadi pondasine kebebasan
Kanggo bebaske rakyat
saking penindasan
Pahlawan, kang awan
bengi lawan maut
Ngelawan musuh-musuh kang semrawut
Marang kabeh lawan
kowe ngajak gelut
Ora mikirke awakmu pada
benjut
Pahlawan, semangatmu
wes kaya geni
Kang ngobong kabeh
pasukan kompeni
Igkang kanggo njaga
negara kang ditresnani
Kanthi ewunan pulau
Uga ewunan keragaman budaya
Pusaka sing kudu kita
jaga bebarengan, supaya ora tiba ing tangan negara liya
Amarga iku kita dadi
generasi penerus bangsa
Kudu nduweni semangat kang
luweh dening para pahlawan
Lewat ngelestarekake lan njaga budaya bangsa
Njaga persatuan lan
kesatuan bangsa
Kanggo
Indonesia Merdeka, Indonesia Jaya
NASKAH TEMBANG
Judul : Cublak Cublak Suweng
Cublak-cublak suweng
Suwenge ning gelenter
Mambu ketudhung gudel
Pak Gempong lirak-lirik
Sapa ngguyu, ndhelikake
Sir, sir, pong, dhele kopong
Sir, sir, pong, dhele kopong
Cublak-cublak suweng
Suwenge ning gelenter
Mambu ketundhung gudel
Pak Empong lirak-lirik
Sapa ngguyu, ndhelikake
Sir, sir, pong, dhele kopong
Sir, sir, pong, dhele kopong
Judul
: Suwe Ora Jamu
Suwe ora jamu
Jamu godhong tela
Suwe ora ketemu
Ketemu pisan gawe gela
Suwe ora jamu
Jamu sogo thunteng
Suwe ora ketemu
Temu pisan atine seneng
Suwe ora jamu
Jamu godhong bunder
Suwe ora ketemu
Temu pisan tambah pinter